Registrasi Unicode Carakan Jawa

Tanggal 1 Oktober 2009 dadi tenger sujarah tumrap Carakan Jawa. Wiwit wektu iku, Carakan Jawa kacathet ana ing Unicode Consortium, peranganing bebadan UNESCO kang duweni ayahan nylametake aksara-aksara tradisional ing donya.
Wong Jawa prelu bungah lan muji syukur marang Gusti Kang Maha Agung, dene aksarane wis resmi diregistrasi dening UNESCO.
Parepatan lan pirembugan bab aksara utawa carakan Jawa wus lumaku sawetara wektu wiwit Kongres Basa Jawa I ing taun 1991. Bebarengan karo lumakune kongres iki, pamarentah nampa sumbangan mesin ketik lan mesin cetak aksara Jawa saka Walanda. Wiwit wektu iku banjur padha kagugah handhudhah carakan Jawa.
Sadurunge Kongres Basa Jawa IV Taun 2006 diadani parepatan utawa workshop komputerisasi carakan Jawa. Ana ing temu wicara wektu iku, akeh banget wawasan, usulan, panyaruwe, pamrayoga, lan panukarta prelune ayahan revitalisasi lan komputerisasi aksara Jawa.


Sawise parepatan diadani ing Yogyakarta, Solo lan Surabaya, komputerisasi Carakan Jawa kasil diwujudake wewaton panaliten ing tlatah Lombok, Bali, Jawa Timur, Solo, Yogyakarta, Pondhok Pesantren Gontor, lan liya-liyane. Sumber referensi sing digunakake uga akeh, wiwit Wewaton Sri Wedari 1926, cakrik aksara Jawa Yogyakarta, Serat Sastra Harjendra, lan buku-buku saka Walanda.
Putusan utawa asil parepatan kang diadani kaping lima, banjur nuwuhake tekad supaya Carakan Jawa aja mung dadi sesanti lan ditulis ana ing plang-plang dalan, ing gapura, gedhong-gedhong, lan wewangunan liyane. Aksara Jawa prelu manjing ing alam global. Aksara Jawa prelu ngrembaka ing jaringan Internet. Carakan Jawa prelu ngrenggani, mratah lan sumrambah ing jagad maya.
Panjangka kang kaya mangkono banjur nemu dalan sawise Tim Teknis kang diparagani dening Hadi Waratama saka LAPI ITB, Bagiono Djoko Sumbogo saka Depdiknas, Ki Demang Sokowaten, Ki Sutadi lan sinengkuyung dening para pakar lan paraga liyane kang ora bisa sinebut siji mbaka siji, padha sowan konsultasi marang gubernur Jawa Tengah lan Pusat Bahasa Depdiknas
Wiwit wektu iku banjur diadani korespondensi karo bebadan Unicode Consortium UNESCO. Ana paraga kang onja ing babagan iki, yaiku Dr Deborah Anderson saka Berkeley University lan Mr Michael Everson pakar aksara tradhisional ing Unicode Consortium. Michael Everson saka Irlandia rawuh lan naliti kahanane aksara Jawa ana ing Solo lan Yogyakarta rikala tanggal 3-12 September 2007.
Sawise nginventarisasi lan naliti Carakan Jawa ing Museum Radyapustaka, Reksapustaka Pura Mangkunagaran, Fakultas Sastra dan Seni Rupa UNS, Komite Basa Jawi Surakarta, lan studi lapangan ana ing tlatah Solo lan Yogyakarta, banjur kasil ngracik proposal kang sinebut The Javanese Script Proposal for Unicode Consortium (JSUP). Proposal registrasi banjur diuji lan di-validasi ing forum Unicode Consortium ing taun 2008-2009.
Usulan utawa proposal kang sinebut JSUP diputusake lolos lan lulus dening UNESCO. Tanggal 1 Oktober 2009 dadi tenger manawa Carakan Jawa wus kacathet ana ing Unicode Consortium Standard Version 5.2 lan ISO-IEC 10646.
Ngrembakane situs-situs aksara Jawa gumantung para pakar, nimpuna, lan para pandhemen-panggilut carakan Jawa. Sanadyan wektu iki akeh kang “wuta” aksara Jawa , muga-muga ora dadi pepalang nulis aksara Jawa ana ing komputer. Pelatihan ngenani nulis aksara jawa nganggo komputer prelu diusulake lan diadani. (Ki Sutadi, paraga tim registrasi Carakan Jawa ing Unicode)
SUMBER :

0 komentar: